Thumbnail for Tugas Bahasa Jawa Unggah Ungguh | SMAN 1 PENGASIH | Kelas X6 by Lir

Tugas Bahasa Jawa Unggah Ungguh | SMAN 1 PENGASIH | Kelas X6

Lir

6m 23s503 words~3 min read
Auto-Generated

[0:56]Nyuwun kawigatosannipun para putra, suwanten bell sampun kapireng, putra-putra kepareng ngaso medal saking kelas.

[1:13]Eh..eh..wingi aku nang pasar malem karo mbakyuku lho. Elok tuku opo wae ki? Alah paling gur mubeng-mubeng tok kok le. Sembrono ra wae, aku ditukoke klambi karo mbakyuku kok. Welok, klambi anyarr kih? Jelas. Alah sombong. Yo ben to? E..kosek-kosek, btw iki wes do mudeng po hurung karo tugas e Bu Risma wingi? Rareti aku turu kok. Podo, hurung. Yowes saiki ngoleki Bu Risma wae po? Ayo. Weh, kae bu Risma ngepasi tenan ki, ayo takon.

[1:48]Eh buk..buk..buk.. Nggih, pripun?

[1:59]Dados ngeten bu, kulo kaliyan konco-konco badhe tanglet menawi tugasipun dinten Rabu menika niku pripun nggih? Walah jan, wingi rak yo wes tak kandani to kok do ra nggatekke ki lho. Dadi ngene, sesok ki do ra podo moro nang nggo tonggo-tonggone kuwi sing do nduwe usaha koyo usaha sapu, po usaha tempe po opo kuwi do diparani yok diwawancarai, digawe rangkuman, ngono. Sesok meneh nek ono pembelajaran ngono kuwi ki ora mah guyon dewe digatekke nek ngreneki rak mah bingung to? Nggih bu. Nggih. Oalah nggih bu maturnuwun. Nggih sami-sami.

[2:45]Nggih monggo.

[2:53]Piye iki mau wes do mudeng karo tugase bu Risma po rung? Uwes. Yo arep wawancara nang ndi? Kepiye nek nang nggonaku wae, wawancara tonggoku? Lho, tonggomu ono usaha opo? Tempe. Piye? Setuju. Sip, engko sore nang nggonaku yo. Yoo.

[3:40]Kulo nuwun, pak. Yo nduk, ngoleki sopo e? Ajeng madosi Alif, wonten mboten pak? Oo, ono lagae sek tak jelukne, Liff.. Liff.. Liff.. Pripun pak? Kae lho goleki kancamu. Eh, wes do teko to? Iyo iki. Arep nang ndi to, Lif? Badhe ten ndaleme bu Asri. Sek ngisor kono kuwi? Nggih. O yo, arep ngopo? Ngarap tugas. O yo, yo kono. Nggih tak pamit riyen. O yo. Ati-ati yo. Pamit riyen pak. Nggih monggo.

[4:20]Lho iki mlaku ta? Ho'o mlaku wae, omahe mung kono kuwi kok. Yo oke.

[4:29]Assalamualaikum, kulonuwoon. Waalaikumsalam, weh ndengaren Alif rene ono opo iki? Badhe wawancara kangge tugas basa jawa bu. Oalah yo, Le, rene rene lingguh kene. Nggih bu. Neng kene wae yo le, nduk. Nggih. Arep takon opo iki? Niki kula kaliyan konco-konco badhe tanglet usaha nipun ibu. Arep, iki sakjane arep takon opo wae? Kaping setunggal, pripun awal ibu ndamel bisnis niki? Iki sakjane turun-temurun seko keluarga ibu, gelem ragalem kudu neruske. Kaping kalih, punapa asmanipun bisnis ibu? UD Tunggal Jaya, dijenengi UD Tunggal Jaya amarga ibu anak tunggal lan muga-muga enggal jaya terus. Aamiinn. Kaping tiga, pinten pegawai kang ten usaha nipun ibu? Aku nduwe pegawai sekitar sepuluhan. Nggih bu, pungkasanipun pinten modal lan pinten bathi usaha niki bu? Modale yo ra pathi o akeh, sak elingku sekitar 10 jtan nan lan bathi niku ora mesti biasane pertempe untung sewu. Nggih bu maturnuwun sampun cekap, nyuwun ngapunten nggangu wekdal njenengan. Nggih nduk, rapapo ibu malah seneng. Nggih ngoteniku mawon bu kula lan kanca-kanca nyuwun pamit rumiyin. Nggih le, nduk ngati-ati yo. Nggih. Pamit riyin bu. Wes yo, Lif, aku karo Fely terusan sik yo. Yooo, ati-ati yo. Yo.

Need another transcript?

Paste any YouTube URL to get a clean transcript in seconds.

Get a Transcript